cari...

Friday, March 19, 2021

Contoh Pidato Bahasa Jawa (perpisahan kelas 9)

 Sugeng enjang lan Berkah Dalem

Dhumateng Ibu Kepala SMP Kanisius Wonogiri ingkang kawula hormati, Bapak/Ibu Guru lan Karyawan SMP Kanisius Wonogiri ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu tiyang sepah ingkang kawula bekteni, rencang-rencang kelas IX lan adhik-adhik kelas VII dan VIII ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindah monggo kita sami ngaturaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Kuwaos, saenggo kita sedaya tasih diparingi kesehatan lan saged makempal kanthi pinaringan karaharjan ing dinten menika ing Aula SMP Kanisius Wonogiri ing acara “Perpisahan kelas IX  SMP Kanisius Wonogiri”.

Kula, wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru lan Karyawan, anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten sekolah niki, SMP Kanisius Wonogiri.

Kula lan rencang-rencang namung saged memuji lan donga. Mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru lan Karyawan pikantuk piwales saking Gusti Allah Ingkang Maha Sae, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.

Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak saha Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan Karyawan saha adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos, Amin..

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun pengampunten.

Nuwun, matur nuwun.